Ana wiku medhar ananing hyang agung 
kang nglimputi dhiri 
wayangan nya  dumumung neng netranira 
bunder nguwung lir sunaring surya nrawung 
aran nur muhammad 
weneh muwus jatining kang murbeng idhup 
yaiku pramana 
kang misesa ing sakalir 
dumuning neng utyaka guruloka 
iya iku tembung  arab baitul makmur
Tandane kang nyata 
aneng gebyaring pangeksi 
lwih waspada wruh gumlaring alam donya 
mung pramana kang bisa nuntun marang swarga 
ana  rupa kadya rupanta priyangga 
kang akonus saking kamungsangta wus 
saplak nora siwah 
amung mawa caya putih 
yaiku aran mayangga seta
ana cahya seta prapta geng sabda 
iya iku nur muhammad kang satuhu 
cahya maya maya 
jumeneng munggwing unggyaning 
tuntung driya anartani triloka 
baitul makmur baitul mukharam tetelu 
ing baitul muqadas 
sumanar prapteng pangeksi 
liyepena katon ponang cahya maya 
anarawung warna warna wor dumunung 
nuksmeng cahya kang sajati 
ingkang  padhang gumilang tanpa wayangan 
langgeng nguwung angebeki buwana gung 
mulih purwanira 
duk durung tumurun maring 
ngarcapada awarna warana raga 
cahyanipun gumilang gilang nelawung 
tanpa wewayangan 
nelahi sesining bumi 
gya tumurun dadya manungsa 
marma temtu yen prapta antareng layu 
ana cahya prapta 
gumilang pindhah angganing 
tirta munggwing ron lumbu amaya maya 
dyan puniku ciptanen dadya sawujud 
lawan sabdanira 
kang sinedyan samadyaning 
ngen ngenta yekti waluya sampurna 
mulya wangsul mring salira numuhun 
sabda gaib babar 
bali angebaki bumi 
tribuwana kebak bangkit megat nyawa 
 
